Pages

Jumat, 19 Mei 2017

Cerita Cekak

Cerita cekak utawa biyasa sinebut kanthi cekakan cerkak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang arupa gancaran. Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe.
Amarga cerkak minangka karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.
Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak, ing antarane:
1. Tema
Yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
2. Paraga
Yaiku pelaku kang mbangun cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu).
3. Watak
Yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
4. Setting
Yaiku papan lan wektu kadadeane cerita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
5. Sudut pandang / point of view
Yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita.
6. Lelewaning basa
Yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita.
7. Amanat
Yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
8. Alur/plot
Yaiku bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang mangaribawani ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
Titikane cerkak:
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca

Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

http://sutresnajawa.blogspot.co.id/2010/11/cerita-cekak.html?m=1

http://duniashinichi.blogspot.co.id/2012/11/cerita-basa-jawa-kucing-sing-pinter.html?m=1

0 komentar:

Posting Komentar