Pages

Jumat, 19 Mei 2017

Cerita Cekak

Cerita cekak utawa biyasa sinebut kanthi cekakan cerkak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang arupa gancaran. Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe.
Amarga cerkak minangka karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.
Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak, ing antarane:
1. Tema
Yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
2. Paraga
Yaiku pelaku kang mbangun cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu).
3. Watak
Yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
4. Setting
Yaiku papan lan wektu kadadeane cerita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
5. Sudut pandang / point of view
Yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita.
6. Lelewaning basa
Yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita.
7. Amanat
Yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
8. Alur/plot
Yaiku bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian)
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang mangaribawani ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
Titikane cerkak:
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca

Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

http://sutresnajawa.blogspot.co.id/2010/11/cerita-cekak.html?m=1

http://duniashinichi.blogspot.co.id/2012/11/cerita-basa-jawa-kucing-sing-pinter.html?m=1

SESORAH

Sesorah (pidato) yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani Medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.
Urut-urutane sesorah:
1. Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.
2. Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.
3. Isi/wigatining sesorah
Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial
4. Pangarep-arep
Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa kang diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh
5. Panutup
Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk.
Sesorah ditutup kanthi Salam utawa nuwun/matur nuwun.

TULADHA-TULADHA SESORAH

1. Tuladha sesorah ambal warsa (ulang tahun SMP)

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Nuwun,

Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah,

Ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,

Para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala

Salajengipun, kula ingkang pinangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksanananipun sedya pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping -60 ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru sumarambah Para Karyawan ingkang kepareng paring iguh pratikel murih pratitising adicara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa , ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged kaleksanan kanthi gancar.

Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Bilih wigatosing gati , panjenengan kasuwun rawuh ing pahargayan ambal warsa SMP Tunas Bangsa kaping-60 punika kanthi ancas, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengangaken panggula wenthah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.

Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa dalah pameran, bazaar, tuwin pentas seni, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah . mugi-mugi kanthi wedharan samangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMP Tunas Bangsa rikala semanten sanyata awrat. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun miwah ngukir prestasi ing tataran nasional punapa dene internasional. Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping-60 kalajengaken hambuka adicara pameran, bazaar, dalah pentas seni.

Ing wasana, sugeng mriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun agunging pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tatakrama tuwin paramasastra.

Nuwun. Wassalammu’alaikum wr.wb.

Matur nuwun.


https://trianjarpriyanta.wordpress.com/tag/materi-sesorah-kelas-ix/

Uyon-Uyon

1.Andharan Uyon- Uyon:

•     Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’ .
•     Unining  gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi thuthukan alon.
•     Lelagon jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan. 
•     Soran utawa ‘instrumental’: inggih punika ingkang cara nabuhipun ‘sora’, ngginakaken ricikan/instrunent: Bong Manggala, Demung, Ricik, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang.
•      Gendhang Lirihan utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrument ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus awujud: Gendher, Rebab, Slenthem, Siter,Gambang, Suling, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang minangka pamurba irama.
   2..    Tegesipun Uyon-uyon lan sesambetanipun kalihan masarakat :
 uyon uyon inggih punika lelagon jawa sing ditembangake sinden tanpa jejogedan.
 Sesambetanipun kalihan masarakat inggih punika kagem adicara- adicara ageng kayata  pahargyan penganten, ngundhuh mantu saha adicara ringgit purwa
    3.     Dudutan :
       Uyon-uyon punika wujuding Panawung Kridha sesarengan(kerja kolektif) ingkang betahaken jumbuhing raos, gotong royong, mat-sinamat lan bantu binantu boten wonten ingkang kepingin manjila piyambak saha tuwajuh ing ayahan lan jejibahan.
KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING
1.            Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.            Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.            Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4.            Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5.            Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.            Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7.            Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.            Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.            Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10.          Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11.          Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12.          Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13.          Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14.          Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15.          Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
http://nikenanggraenik.blogspot.co.id/2012/05/uyon-uyon.html?m=1

http://edusiana.com/pemahaman-arti-dan-bagian-bagian-dari-uyon-uyon/

PAWARTA

1.    Definisi
Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik. Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing ndonya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, rudapeksa (pemerkosaan), banjir, lan liya-liyane.
2.    Jinis Pawarta
Pawarta Dadakan
Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.
Pawarta Ndinan
Pawarta ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.
Pawarta Crita
Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita objek wisata, crita bab kesenengan/hobby, lan liya-liyane.
3.    Perangan Pawarta
a.    Sesirah
Sesirah yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane.
b.    Angle/Ringkesan
Angle yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing sangisore sesirah.
c.    Isi Pawarta
Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang njlentrehake pratawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kadadeyan iku dumadi.
d.    Gambar
Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing media elektronik awujud video.
e.    Sumber
Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kadadeyan, utawa pihak kang nduweni kewajiban kanggo nuntasake kadadeyan iku.
Tuladha

1. Pawarta Dadakan

Prawan Ayu Ditemokake Tiwas lan Ora Nganggo Busana ing Jembatan Kecepak
Prawan ayu 18 taun ditemokake tiwas lan ora nganggo busana sethithik-thithika ing cedhake kreteg Kecepak, Batang. Prawan iku dinuga dipateni sakwise dirudapeksa dening sawijining nom-noman.
 Ing ngisore bruk iki lokasi ditemokake korban nyalawadi. ”Barang iku langsung tak parani amarga aku penasaran, jebul jisime menungsa,” kandhane Garry. Sawise weruh menawa barang iku awujud mayit, Garry dikancani warga lan lurah Kecepak Samuel, 32, banjur lapuran menyang Polres Batang.Amarga sigape aparat Polres Batang, mung merlokake wektu rong dina kanggo miyak wadi sapa satemene kang wis tega mateni prawan kang ayu banget iku.
Sawijining staf bareskrim Polres Batang ngandhakake menawa tiwase bocah wadon iku ana
gandheng cenenge karo bocah lanang kang arane Richard, kang dinuga nduweni rasa seneng marang Shandra. ”Amarga Shandra ora gelem nampa tresnane Richard, dheweke banjur ngrudapeksa Shandra sadurunge dipateni,” mengkono manut katrangane staf iku.
Sawetara wektu iki Richard isih dadi buron, amarga rikala petugas nggoleki menyang omahe ing desa Lawang Aji, dheweke ora ana. Dene wong tuwa Richard mung pasrah nalika anake ngalami kadadeyan kang kaya mengkono iku. (Chy)
BATANG- Prawan ayu kang diweruhi arane Shandra ditemokake tiwas lan ora nganggo busana sethithik-thithika ing sisih kidul etan kreteg Kecepak, Batang rikala dina Jemuwah 1 Januari 2010. Manut pamariksane polisi, prawan kang umure udakara 18
taun iku dipateni sakwise dirudapeksa.
Garry William, 54, salah sawijine warga Kecepak sing pisanan meruhi jasad korban Setu (2/1) esuk kira-kira jam enem-an ngandharake menawa wektu iku nalika arep adus ing kali kono, dheweke weruh barang kang
 
2. Pawarta Ndinan

JEKSA NJALUK MUNDHAK GAJI
 Jakarta, PS. Jaksa Agung Hendarman Supandji nalika rapat dengar pendapat karo Komisi III DPR, Senen (9/11) mratelakake, kanggo nyegah praktek dol tinuku perkara antarane jeksa karo pihak sing kesangkut kasus hukum, anggarane kejaksaan kudu diundhakake. Awit kanggo nindakake reformasi ing lembaga kejaksaan, Hendarman mbutuhake anggaran Rp 10 triliun. Manut Hendarman, taun iki anggaran kejaksaan kepetung sethithik, yaiku Rp 1,9 triliun. Winatese anggaran mau ngambet marang winatese karaharjaning jeksa. Temahane saperangan jeksa padha nindakake praktek kang asor kanthi dol tinuku perkara.
Ketua Komisi III DPR Benny K. Harman ngandharake, DPR wis nyarujuki usule pamarentah yen taun ngarep anggaran kejaksaan mundhak dadi Rp 2,5 triliun. Benny ora nampik yen kanggo njejegage hokum dibutuhake undhak-undhakan anggaran. Mung wae undhak-undhakan mau kudu dicundhukake klawan kahanan dhuwite Negara. Sok mengkonoa, kandhane Benny, gaji cumpen ora kena kanggo alas an tumrap jeksa kanggo nindakake dol tinuku perkara. Benny ngajap mundhake anggaran mau diimbangi karo undhak-undhakane kinerja kejaksaan. (Rep)
 
3. Pawarta Crita

Wisatawan Mancanegara Wis Padha Mangerteni Anane Museum Bathik ing Pekalongan
Dening: Ani Devi Ariyanti, Erlangga, Intan Wahyuning Sari, lan Saiful Arif
 
Museum Bathik Pekalongan
Pekalongan, SP- Museum Bathik Pekalongan ing Jalan Jatayu No. 1 Pekalongan, Jawa Tengah, mujudake salah sawijining panggonan kanggo plesir ing preinan wulan pasa, supaya bisa nambah wawasan ngenani budaya Indonesia.
Museum Bathik iki minangka bangunan peninggalan kolonial Walanda kang mbiyen mujudake Kantor Keuangan Pabrik Gula, lan dibangun taun 1906. Ananging, wiwit tanggal 12 Juni 2006, bangunan iku didadekake Museum Bathik dening Yayasan Kakin, lan diresmekake langsung dening presiden Susilo Bambang Yudhoyono.
Museum iki nduweni koleksi kurang luwing 1002 warna bathik kang asale saka saknuswantara. Saben petang wulan pisan, panatane kain bathik ing saben pajangan dipindhah panggonan, tujuwane supaya ora mboseni tumrap wong-wong kang teka ing museum.
Ing museum bathik iku, kita bisa niti pirsa sakkabehe corak bathik kang dipajang, kita uga bisa takon babagan bathik marang petugas, malah uga diparengake njajal carane mbathik, utawa belanja souvenir.
Tumekane dina iki, wis akeh wisatawan mancanegara lan pribumi kang nekani museum iku.